Small Midnight Blue Pointer

Total Tayangan Halaman

Rabu, 29 September 2010

Ceritane jaman Pabrit Gula Kalibagor esih ana


Aku wektu kuwe esih SD. Tiap desa diwajibna nyediakaken lahan tebu.Bocah bocah pada seneng sebabe pada bisa mangan tebu nggo segeran,angger lagi kepengin.Walaupun dilarang nyolong tebu nang "ketebon",bocah bocah nom noman nekad golet segeran angger awan,sore apa wengi.Tinggal mlebu blus ngolet tebu sing kira kira legi. Tebu legi biasane tebu sing arep siap panen,ujarku setengah tahun lebih nembe panen. Bocah bocah,tebu sing legi wis apal rupane.Tebu modres berati tebune amoh tur legi,tebu glendeng tebune atos warnane kuning,tebu BLENGUR tebune gede mandan putih rasane biasane asin. Karo ndekis nang njero ketebon ,bocah bocah mada mangan tebu,kreas kreos .Walaupun tebune wuled,atos,mbuang kulite karo untu.Aduh senenge....Dicokot dikepah kepah disruput banyu gulane,enaak. Ana maning critane sing wis ora nana maning saiki.Angger musime "pagasan" ramai banget.Pabrite berarti mulai giling.Sepure pada nggawa lori nggo wadah tebu,jos ojos ojos,sepur uap suarane khas sing lagi narik lori tebu,bahan bakare batu bare karo sepah tebu.Dasar bocah nakal...tebu lagi digawa karo sepur,tebune dilolori/dilorodi padahahal dijaga karo satpam. Malah ana sing nglolor sampai kolongan... Ketiban sial,...ndilalah memang lagi cilaka,bocah lagi nglolor tebu sikil awake mlebu nang njero ril,ya wis mbuh dadi apa,kiye memang terjadi bocah sd klas papat cilaka ketlides lori tebu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar