Small Midnight Blue Pointer

Total Tayangan Halaman

Rabu, 29 September 2010

lagu ngapax

Ceritane jaman Pabrit Gula Kalibagor esih ana


Aku wektu kuwe esih SD. Tiap desa diwajibna nyediakaken lahan tebu.Bocah bocah pada seneng sebabe pada bisa mangan tebu nggo segeran,angger lagi kepengin.Walaupun dilarang nyolong tebu nang "ketebon",bocah bocah nom noman nekad golet segeran angger awan,sore apa wengi.Tinggal mlebu blus ngolet tebu sing kira kira legi. Tebu legi biasane tebu sing arep siap panen,ujarku setengah tahun lebih nembe panen. Bocah bocah,tebu sing legi wis apal rupane.Tebu modres berati tebune amoh tur legi,tebu glendeng tebune atos warnane kuning,tebu BLENGUR tebune gede mandan putih rasane biasane asin. Karo ndekis nang njero ketebon ,bocah bocah mada mangan tebu,kreas kreos .Walaupun tebune wuled,atos,mbuang kulite karo untu.Aduh senenge....Dicokot dikepah kepah disruput banyu gulane,enaak. Ana maning critane sing wis ora nana maning saiki.Angger musime "pagasan" ramai banget.Pabrite berarti mulai giling.Sepure pada nggawa lori nggo wadah tebu,jos ojos ojos,sepur uap suarane khas sing lagi narik lori tebu,bahan bakare batu bare karo sepah tebu.Dasar bocah nakal...tebu lagi digawa karo sepur,tebune dilolori/dilorodi padahahal dijaga karo satpam. Malah ana sing nglolor sampai kolongan... Ketiban sial,...ndilalah memang lagi cilaka,bocah lagi nglolor tebu sikil awake mlebu nang njero ril,ya wis mbuh dadi apa,kiye memang terjadi bocah sd klas papat cilaka ketlides lori tebu.

Rabu, 04 Agustus 2010

urek urek/mancing welut

Wektu cilik,enyong/aku hoby mancing.Mancing iwak apa mancing welut.Pancinge ya serba gawe dewek nggolek pring nggo gawe walesan,tinggal tuku kenure/snar , timbel , trus pancing nang warung.Tapi yen gawe pancing welut cuma tuku kenure/snare thok nang warung.Pancinge gawe dewek,digawe kang kawat ban pit.Diasah terus dikeluk,dadi pancing.Terus dianyami kenur,kenure kenus sing madan gede supaya kuat.Empane angger mancing,cacing lemah sing manggon nang kandang2 sapi,kebo. Cacinge dawa,galab pisan nang welut.Angger mancing ,mangkat esuk gasik.Biasane bali sampai jam 10~11 awan.Aduh panas...tapi ya seneng angger akeh sing mangan/olih akeh kena nggo lawuh nang umah.

Jumat, 30 Juli 2010

mendoan banyumas

Wong banyumas terutama wong desa,esuk esuk pada sarapan karo mendoan tuku nang warung.Praktis nggo lawuh rasane juga ora mboseni. Yen nggo medang juga cocok karo nyigit lombok cengis aduuh nikmat pisan. wedange kopi.mangan karo manthuk mantuk kenaken.Cilikanku sampai saiki masih tetep klangenan mendoan,sing digawe karo tempe,tepung lan bumbu unyah bawang dicampur godong bawang apa,godong chai ujarku.Wektu cilik enyok sering diprentah karo biyungku/ibuku kon tuku mendoan nang warung nggo lawuh sarapan apa nyore/mangan sore.Nang warung antri banget,nunggu sabar.Akhire pada gilirane tuku mendoan 200 perak wektu kuwe mendoan siji regane 5 perak. Dadi ya olih akeh,...dadi mbesuk angger ana redenominasi mendoan ya murah maning kaya jamanku cilik maning.Mendoane dibuntel godong digawa karo mlaku sebabe cedek umahku.